buatlah sebuah pidato dengan tema benas dengan bahasa jawa
B. Daerah
Diamonddanmelon12
Pertanyaan
buatlah sebuah pidato dengan tema benas dengan bahasa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban NadhifaAriellia
Tema Memperingati Hari Ibu
Poro rawuh ingkang kulo hormati.
Saderengipun taun 1945 kita bangsa Indonesia kajajah bangsa manca, antawisipun bangsa walanda. Ing pundit-pundi papan kathah para sedherek kita berontak lumawan panjajah.
Wiwit saking Raden Ajeng Kartini ingkang ngupaya undhaking pahlawaning drajating wanita, dr. Wahidin lan dr. Sutomo saha perjuangan pahlawan sanesipun kita lajeng mangertos, bilih persatuan menika upaya ingkang trep uwal saking penjajahan.
pidato bahasa jawa peringatan hari ibu
Poro rawuh ingkang kulo hormati.
Taun 1928 para pemuda sa-Indonesia ngawontenaken pepanggihan ing Jakarta, sedaya sami prasetya mujudaken pakempalan kepingin mujudaken negara ingkang mardika. Para Ibu mboten purun kantun, awit gadhah raos kepingin mujudaken Indonesia ingkang merdeka, pramila para ibu sami prasetya ing taun 1928 menika ugi ngawontenaken pepanggihan ingkang dipundhalangi pakumpulan wanita sa-Indonesia. Lajeng ngawontenaken kongres ing Ngayogyakarta.
Kongres menika dipunwontenaken wiwit tanggal 22-25 Desember 1928. Prasetya menika lajeng katetepaken minangka Hari Ibu lan dipunpengeti saben tanggal 22 Desember.
Poro rawuh ingkang kinurmatan bangsa Indonesia sampun merdeka boten kajajah malih, menapa ayahanipun para ibu sampun rampung?
Poro ibu tasih kedah berjuang, kangge ngisi kamardikan, kanthi ndherek nyengkuyung nggayuh pemimpin ingkang luhur, bangsa Indonesia inggih menika mujudaken masyarakat adil lan makmur adhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar 1945. Sedaya gegayuhan saged maujud kanthi lelabuhanipun ibu, trep kaliyan tetembungan “Wanita itu tiang negara”.