nalika nulis geguritan langkah kapisan kang kudu ditindakake yaiku.....
B. Daerah
vionalinda
Pertanyaan
nalika nulis geguritan langkah kapisan kang kudu ditindakake yaiku.....
1 Jawaban
-
1. Jawaban Bongcha24
Langkah kapisan sing kudu ditindakake yaiku Nemtokake judul geguritan.
Pembahasan
Tembung geguritan asale saka tembung gurit kang ateges gubah, karang, sadur.
Geguritan yaiku jinise puisi jawa gagrag anyar sing panulisane ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
Geguritan kabentuk saka struktur fisik lan struktur batin.
Struktur fisik geguritan ana 3, yaiku :
- Cakrik (tipografi)
- Pamilihe tembung (diksi)
- Rima lan ritme
Struktur batin geguritan ana 4, yaiku:
- Tema = Bakune gagasan kang disampekake panggurit.
- Pitutur (amanat) = Pesen moral kang disampekake panggurit.
- Rasa (feeling) = Pangrasane panggurit marang apa sing ditulis.
- Nada (tone) = Nada swara sing digunakake kanggo njlentrehake pokok pikiran.
Langkah-langkah sing kudu ditindakake nalika nulis geguritan yaiku:
- Nemtokake judul utawa irah-irahan.
- Nemtokake pamilihan tembung (diksi),
- Nemtokake gaya bahasa (majas),
- Nggatekake kaendahan,
- Nemtokake makna sing kinandhut ing geguritan sing digawe.
Detail Jawaban
Mapel: Bhs. Daerah
Kelas: Vll
Bab: 5 — Geguritan
Kode: 13